YouVersion Logo
Search Icon

MIKHA 5

5
Rawuhe Sang Mesih sarta luware Israel
5:1-14
1 # Mt 2:6; Yo 7:42 Anadene sira, he, Betlehem ing Efrata,
sanadyan sira kalebu cilik ana ing antarane turune Yehuda,
saka sira bakal miyos lumadi marang Ingsun,
wong kang bakal ngereh Israel;
kang wus ana wiwit ing jaman purwa,
wiwit ing jaman kuna.
2Mulane bangsa iku mung arep ditogake bae nganti tumeka wektune
wanita kang pinesthi mbabar putra wus kelakon mbabar,
nuli kekarening para sadulure
bakal padha bali nunggal karo wong Israel.
3Panjenengane bakal tumindak lan ngengen wong-wong mau kalawan ngagem pangwasane Pangeran Yehuwah,
iya kaluhuraning asmane Sang Yehuwah Allahe;
wong-wong bakal padha manggon kalawan tentrem,
marga samengko Panjenengane iku dadi luhur nganti tekan ing pungkasane bumi;
4sarta Panjenengane bakal dadi kang kadunungan tentrem-rahayu.
Samangsa Asyur lumebu ing nagara kita,
sarta ngambah ing tanah kita,
nuli kita padha ngadegake pangon pitu kang nglawan,
malah pemimpin wolu kang asipat manungsa.
5 # Pd 10:8-11 Iku bakal padha nyukur nagara Asyur kalawan pedhang,
lan nagarane Nimrod srana pedhang ligan,
sarta bakal nguwalake kita saka ing Asyur
samangsa dheweke lumebu ing tanah kita
sarta ngambah ing tlatah kita.
6Anadene kekarene Yakub bakal
dumunung ing antarane bangsa akeh,
kaya ebun saka Sang Yehuwah,
kaya tetesing udan ing thethukulan,
kang ora njagakake marang wong,
lan ora ngarep-arep marang anaking manungsa.
7Apadene kekarene Yakub iku bakal ana ing antarane para suku bangsa, lan ing tengahe para bangsa akeh,
kaya singa ana ing antarane sato alas,
kaya singa nom ana ing tengahe pepanthan wedhus;
menyanga ngendi bae parane,
mbanting lan nubruk,
lan ora ana kang bisa nguwalake.
8Tanganmu bakal ngungkuli para lawanmu,
sarta sakehe mungsuhmu bakal katumpes.
9Pangandikane Sang Yehuwah:
Ing dina iku bakal kelakon,
Ingsun bakal mbengkas jaranira saka ing tengahira,
lan bakal ngrusak kretanira.
10Ingsun bakal nyirnakake kutha-kuthane nagaranira,
sarta betengira bakal padha Sungempuri.
11Ingsun bakal nyirnakake pirantinira sihir,
lan juru tenung bakal ora ana maneh ing tengahira.
12Mangkono maneh reca-recanira,
apadene tugu-tugu branalanira
bakal Sungempur saka ing tengahira,
temah sira bakal ora sujud maneh
marang gegaweaning tanganira.
13Dalah saka-sakanira brahala bakal Sunbedholi saka ing tengahira,
lan brahalanira bakal Sunsirnakake.
14Wasana para bangsa
kang ora ngestokake dhawuhingSun,
bakal Sunwales kalawan bebendu lan bramatya.

Currently Selected:

MIKHA 5: JAV

Highlight

Share

Copy

None

Want to have your highlights saved across all your devices? Sign up or sign in