YouVersion Logo
Search Icon

MIKHA 3

3
Nglawan marang pemimpin lan nabi palsu ing Israel
3:1-12
1Pituturku mangkene: Padha ngrungokna ta,
he, para panggedhene Yakub,
lan para pemimpine turune Israel.
Rak wus sabenere sira sumurup ing kaadilan,
2he, sira kang padha sengit marang kabecikan
lan dhemen marang piala?
Wong iku padha ngeleti bangsaku
lan mbeseti daginge saka ing balung-balunge;
3padha mangan daginge bangsaku,
padha ngeleti kulite saka ing badane,
padha ngremuk balung-balunge
lan nengkel-nengkel kaya daging ing kuwali,
lan kaya iris-irisan daging ing jero kenceng.
4Nuli bakal padha sambat-sambat dhewe marang Pangeran Yehuwah,
nanging ora bakal disembadani.
Panjenengane malah nutupi wadanane ing ngatase wong-wong mau ing wektu iku,
marga ala panggawe-panggawene.
5Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah tumrap para nabi
kang nasarake bangsaku,
kang padha ngundhangake tentrem-rahayu,
samangsa oleh kang kena dipangan,
dene marang wong kang ora menehi apa-apa ing cangkeme,
banjur ngumumake perang.
6Mulane rina bakal dadi wengi tanpa wahyu tumrap sira,
lan dadi peteng tanpa tenungan.
Para nabi mau bakal padha kasurupan srengenge,
sarta raina bakal dadi peteng surem tumrap wong-wong iku.
7Para wong sidik bakal padha kawirangan,
lan para juru tenung bakal padha kisinan,
kabeh bakal padha nutupi raine,
marga Gusti Allah ora paring wangsulan.
8Nanging aku iki kebak ing bab kekuwatan,
Rohe Pangeran Yehuwah,
sarta kaadilan lan kasantosan,
kanggo ngelingake marang Yakub bab panerake
lan marang Isarel bab dosane.
9He, para panggedhene bani Yakub
lan para pemimpine turune Israel, padha ngrungokna!
He, sira kang padha ewa marang kaadilan
sarta kang nbengkokake samubarang kang lenceng,
10he, sira kang padha yasa Sion kalawan getih
sarta Yerusalem kalawan daksiya!
11Para panggedhene anggone ngadili marga saka besel,
lan para imane anggone mulang marga saka bayaran
para nabine anggone nenung marga saka dhuwit,
mangka padha sumendhe marang Sang Yehuwah kalawan pangucape:
“Pangeran Yehuwah rak ana ing satengah kita!
Kita ora bakal katekan bilai!”
12 # Ym 26:18 Kang iku marga saka sira
Sion bakal diwluku kaya pategalan
lan Yerusalem bakal dadi jugrugan,
sarta gununge Padaleman Suci bakal dadi gunung kang kasasaban ing alas.

Currently Selected:

MIKHA 3: JAV

Highlight

Share

Copy

None

Want to have your highlights saved across all your devices? Sign up or sign in