YEREMIA 40:3-4
YEREMIA 40:3-4 JAV
lan punika sapunika sampun kalampahan. Sang Yehuwah sampun nindakaken, punapa ingkang dipun dhawuhaken ing saderengipun, amargi sampeyan sadaya sami nglampahi dosa wonten ing ngarsanipun saha boten mirengaken dhateng pangandikanipun, temah kalampahan prakawis punika tumrap ing sampeyan. Dene ing dinten punika kula sampun nguculi rante ingkang wonten ing tangan sampeyan. Manawi sampeyan purun tumut kula dhateng tanah Babil, sumangga kula badhe rumeksa dhateng sampeyan. Nanging manawi sampeyan boten kesdu tumut kula dhateng Babil, sampeyan boten prelu pangkat! Sumangga sampeyan tingali sawradinipun tanah punika ginelar wonten ing ngajeng sampeyan; sampeyan kenging kesah dhateng pundi kemawon ingkang sampeyan anggep sae saha leres.


