YEREMIA 20:8-9
YEREMIA 20:8-9 JAV
Amargi saben kawula wicanten, kapeksa mbengkok, kedah alok-alok: “Ambeksiya! Paniksa!” Amargi pangandikanipun Sang Yehuwah dados cacadan lan pamoyok tumraping kawula, sadinten muput. Nanging samangsa kawula mosik: “Aku emoh ngelingi Panjenengane lan wegah ngucapake pangandikane maneh atas Asmane!”, ing salebeting manah kawula kados wonten latu murub makantar-kantar ingkang pinepetan wonten ing balung kawula, kawula ngantos kesel anggen kawula mbetah-mbetahaken, nanging boten kuwawi.





