YESAYA 58:13-14
YESAYA 58:13-14 JAV
Manawa sira ora nyawiyah pranataning Sabat lan ora nindakake pagaweanira ing dinaningSun kang suci; manawa sira ngarani dina Sabat “dina kanikmatan”, lan dinaning Pangeran Yehuwah kang suci “dina kang mulya”; manawa sira ngajeni dina iku sarana ora nindakake sakehing pagaweanira sarta ora ngurus urusanira utawa ora omong-omong kang tanpa guna, sira bakal seneng-seneng marga saka Pangeran Yehuwah, tuwin Ingsun bakal damel sira bisa ngliwati pucak-pucaking tengger-tengger ing bumi kalawan tetungganganing kaunggulan; sira bakal Sunparingi pangan saka warisane leluhurira Yakub, sabab mangkono pangandikane lesaning Yehuwah.





