YouVersion Logo
Search Icon

YESAYA 56:6-7

YESAYA 56:6-7 JAV

Anadene para wong bangsa liyan kang rumaket marang Pangeran Yehuwah prelu ngladosi Panjenengane, lan nresnani asmaning Sang Yehuwah sarta sumedya ngabdi marang Panjenengane, kabeh kang netepi dina Sabat lan ora najisake, tuwin kang gondhelan marang prajanjianingSun, iku bakal Sunbekta menyang ing gunungingSun kang suci lan bakal Sunparingi kabungahan ana ing dalem-pamujaningSun. Ingsun bakal karenan marang kurban-kurbane obaran lan sembelehan kang kacaosake ana ing misbyahingSun, awit padalemaningSun bakal sinebut dalem-pamujan tumrap sakabehe bangsa.