YESAYA 42:6-7
YESAYA 42:6-7 JAV
“Ingsun iki, Yehuwah, wus nimbali sira supaya ngundhangake kaslametan, wus ngasta tanganira; Ingsun wus ndhapuk sira lan maringake sira dadi prajanjian tumrap umat manungsa, dadi pepadhang tumrap para bangsa, supaya ngelekke mripat kang wuta, ngwetokake wong ukuman saka ing tahanan sarta para wong kang dumunung ing pepeteng saka ing pakunjaran.





