HAGAI 2
2
1aing sasi nem, tanggal patlikur.
Kaendahane Padaleman Suci kang anyar
2:1b-10
1bIng taun kang kaping pindhone jamane Sang Prabu Dharius, 2ing sasi kapitu, tanggal ping selikur, ana pangandikane Pangeran Yehuwah lumantar Nabi Hagai, mangkene: 3“Sira ndhawuhana marang Zerubabel bin Sealtiel, bupati ing Yehuda karo Imam Agung Yusak bin Yozadak, sarta marang para wong kekarene umat, mangkene: 4#Ez 3:12Sapa panunggalanira kang isih menangi nalika padaleman iki kadunungan kamulyan? Lan kapriye katone marang sira saiki, rak dudu apa-apa ing sapandelengira? 5Ewadene saiki sira disantosa atinira, he Zerubabel! – mangkono pangandikane Sang Yehuwah – he, Imam Agung Yusak bin Yozadak, disantosa atinira! He sakehe para wong isine nagara, dipadha santosa atinira! – mangkono pangandikane Sang Yehuwah; padha tumandanga, marga Ingsun nganthi marang sira, – mangkono pangandikane Sang Yehuwah Gustine sarwa dumadi –. 6#Pa 29:45-46Ingsun netepi prasetya kaya kang wus Sunjanjekake marang sira nalika sira metu saka ing tanah Mesir, lan RohingSun tetep ana ing tengahira. Sira aja wedi! 7#Ib 12:26Sabab pangandikane Pangeran Yehuwah Gustine sarwa dumadi, mangkene: Ora antara lawas nuli Ingsun bakal ngoregake langit lan bumi, sagara lan dharatan. 8Karomaneh sakehe bangsa bakal padha Sunoregake, satemah sakehe raja-branane bakal digawa mrene, sarta Padaleman iku bakal Sunkebaki ing kamulyan. – Mangkono pangandikane Sang Yehuwah Gustine sarwa dumadi –. 9Sarupane salaka iku kagunganingSun, lan sarupane mas iku iya kagunganingSun. – Mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah, Gustine sarwa dumadi –. 10Anadene kaendahane Padaleman iki kang besuk bakal ngluwihi kaendahane kang dhisik, – mangkono pangandikane Sang Yehuwah Gustine sarwa dumadi –, lan ana ing panggonan iki Ingsun bakal paring tentrem-rahayu –. Mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah, Gustine sarwa dumadi.”
Pambanguning Padaleman Suci kisruh marga wong kang najis padha melu mbangun
2:11-15
11Nalika tanggal kaping patlikur sasi kang kasanga, ing taun kapindhone jamane Sang Prabu Dharius, ana pangandikane Sang Yehuwah Gustine sarwa dumadi lumantar Nabi Hagai, surasane: 12“Pangandikane Sang Yehuwah Gustine sarwa dumadi mangkene: Njaluka piwulang marang para imam. 13Saupama ana wong kang nggawa daging suci ana ing pojoking jubahe, mangka pojoking jubah mau nggepok roti utawa olah-olahan, anggur utawa lenga lan sadhengah apa kang kena dipangan, apa kang kagepok iku iya dadi suci?” Wangsulane para imam: “Boten.” 14#Wi 19:11-22Pangandikane Nabi Hagai maneh: “Wong kang najis marga dening jisim saupama kagepok kabeh iku mau, kang kagepok apa iya dadi najis?” Wangsulane para imam: “Inggih dados najis!” 15Ing kono pangandikane Nabi Hagai: “Mangkono uga tumrap umat iki, lan tumrap bangsa iki ana ing ngarsaningSun, – mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah, – lan sakehe pagaweaning tangane, sarta apa kang padha disaosake ana ing kana, iku najis.”
Pambanguning Padaleman Suci nekakake berkah
2:16-20
16“Mulane saiki, sira padha nggatekna wiwit ing dina iki lan sateruse! Sadurunge wong masang watu siji-siji kanggo mbangun Padalemane Sang Yehuwah, 17kapriye kaananira? Nalika ana wong niliki tumpukan gandum kang kehe kudune rongpuluh taker, mangka katemu mung ana sapuluh; utawa nalika niliki pamipitan anggur arep nyidhuk seket taker, mangka mung oleh rongpuluh. 18Ingsun wus nggebag marang sira kalawan ama gosong lan ama lodhoh sarta kalawan udan krikil sakehe gegaweaning tanganira, ewasamono sira padha ora mratobat marang Ingsun. – Mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah. 19Padha nggatekna wiwit dina iki lan sateruse –, wiwit sasi kasanga tanggale ping patlikur; wiwit dinane Padalemane Yehuwah kapasangan pondhamen. Padha nggatekna 20apa ing lumbung isih ana winihe? Karodene wit anggur lan wit anjir, wit dlima lan wit jaitun, apa padha dhurung awoh? Wiwit ing dina iki Ingsun bakal paring berkah.”
Janji marang Sang Zerubabel
2:21-24
21Mbeneri ing sasi iku tanggal kaping patlikur ana pangandikane Pangeran Yehuwah marang Hagai kang paing pindhone, surasane: 22“Sira ndhawuhana marang Zerubabel, bupati ing Yehuda, mangkene: Lah Ingsun bakal ngoregake langit lan bumi, 23sarta bakal ngrubuhake dhampare para ratu lan nyirnakake pangwasane karajane para bangsa, sarta ngrusak sakehe kreta dalah kang padha nunggangi; jaran lan kang nunggangi bakal padha ambruk mati, marga saka pedhange kancane. 24Pangandikane Sang Yehuwah Gustine sarwa dumadi mangkene: Ing dina iku, he Zerubabel bin Sealtiel abdiningSun, – mangkono pangandikane Sang Yehuwah, – sira bakal Sunpundhut, Sundamel kaya upamane ali-ali cap; sabab sira kang Sunpilih. Mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah Gustine sarwa dumadi.”
Currently Selected:
HAGAI 2: JAV
Highlight
Share
Copy
Want to have your highlights saved across all your devices? Sign up or sign in
Javanese Bible © Indonesian Bible Society, 1981.

: