GALATI 6:3-5
GALATI 6:3-5 JAV
Sabab yen ana sawenehing wong kang rumangsa, manawa awake aji, mangka babar pisan ora aji, iku ngapusi awake dhewe. Becike saben wong ndadara pagaweane dhewe; lagi kena gumunggung ndeleng kaanane dhewe lan ora ndeleng kaanane wong liya. Sabab saben wong bakal mikul tetanggungane dhewe.





