YouVersion Logo
Search Icon

YEHESKIEL 38

38
Pangandikane Sang Yehuwah bab Sang Prabu Gog ing tanah Magog
38:1–39:29
1Nuli ana pangandikane Sang Yehuwah marang aku mangkene: 2#Wy 20:8“He, anaking manungsa, sira madhepa ngener marang Gog ing tanah Magog, yaiku maharaja ing nagara Mesekh lan Tubal tuwin medhara wangsit nglawan dheweke, 3sira tutura: Makaten pangandikanipun Pangeran Yehuwah: Lah Ingsun bakal dadi mungsuhira, he, Gog maharaja ing nagara Mesekh lan Tubal. 4Sira bakal Sungered kalawan ganthol ing uwangira lan Sunbekta metu bebarengan kalawan wadya-balanira, yaiku bala jaranan, kabeh padha manganggo ganep, golongan gedhe kang nggawa tameng gedhe lan cilik sarta asikep pedhang. 5Wong Persia, Etiopia lan Put padha mbarengi lakune, kabeh padha nyekel tameng lan nganggo topong; 6wong Gomer dalasan wadya-balane kabeh, Bet-Togarma saka ing poncot lor dalah sawadya-balane kabeh, akeh bangsa kang ngeloni sira. 7Sira mirantia lan cecawisa kalawan kabeh golongan kang padha ngeloni sira lan sira dadia pangayomane. 8Sawise sawatara lawas sira bakal tampa dhawuh; ing dina kang wekasan sira bakal teka ing sawijining nagara kang wus kabangun maneh sawuse rusak marga saka perang, tuwin sira banjur marani sawijining bangsa kang diklumpukake saka ing satengahe para bangsa ing gunung-gununge Israel kang wus suwe dadi reruntuhan. Bangsa iki wus kawetokake saka ing satengahe para bangsa lan kabeh banjur wus padha manggon kalawan ayem tentrem. 9Sira nuli jumedhul kaya angin prahara lan tekanira iku kaya mendhung kang nutupi salumahing bumi, sira teka kalawan wadya-balanira kabeh lan akeh bangsa kang mbiyantu sira.
10Makaten pangandikanipun Pangeran Yehuwah: Ing dina iku sira kadunungan niyat ing sajroning atinira, sira gawe rancangan ala. 11Sira celathu: Aku arep mangkat nempuh tanah kang kutha-kuthane tanpa tembok lan bakal arep nekani wong-wong kang uripe ayem lan manggon kalawan tentrem; papan panggonane tanpa tembok utawa palang lan tanpa gapura. 12Sira arep ngrerampas lan ngrerayah lan ngacungake tanganira marang reruntuhan-reruntuhan kang wus dienggoni maneh lan nempuh umatingSun kang kaklumpukake saka ing satengahing bangsa-bangsa. Wong-wong iku wus padha duwe raja-kaya lan bandha sarta padha manggon ing pusering bumi. 13Nagara Syeba lan Dedan dalah para wonge kang tuku barang-barange, nagara Tarsis dalah para sudagare bakal padha celathu marang sira mangkene: Tekamu iku apa arep ngrerampas lan nglumpukake sekuthonmu sumedya ngrerayah, arep ngangkut salaka lan emas, arep mbradhat raja-kaya lan bandha sarta arep njarah-rayah kang akeh banget?
14Awit saka iku, he, anaking manungsa, sira medhara wangsit lan tutura marang Gog: Makaten pangandikanipun Pangeran Yehuwah: Nalika umatingSun Israel lagi manggon kalawan ayem tentrem, ing nalika iku anggonira bakal tumindak 15lan banjur teka saka ing panggonanira saka ing lor kang adoh banget, sira kalawan bangsa akeh kang mbiyantu sira, kabeh padha nunggang jaran, golongan kang gedhe lan wadya-bala kang santosa. 16Sira mangkat nglawan umatingSun Israel kayadene mendhung kang nutupi salumahing bumi. Ing dina kang wekasan iku bakal kelakon lan Ingsun bakal ngirid sira nglawan marang tanahingSun, supaya para bangsa padha wanuh marang Ingsun, yaiku samangsa Ingsun ngatingalake kasuceningSun marang sira ana ing ngarepe, heh, Gog.
17Makaten pangandikanipun Pangeran Yehuwah: Iya sira iku kang wus Sunpangandikakake ing wektu-wektu kang wus kapungkur lumantar para abdiningSun, yaiku para nabining Israel, kang ing wektu iku nganti mataun-taun padha memeca, manawa sira bakal Sunlurugake nglawan marang umatingSun. 18Ing nalika iku, yaiku nalika Ingsun ngirid Gog nglawan marang tanah Israel – makaten pangandikanipun Pangeran Yehuwah – bakal tuwuh dukaningSun. Ing sajroning dukaningSun 19ing sajrone bentering panggalihingSun lan ing sajrone mulad-mulading bebenduningSun, Ingsun bakal ngandika: Ing dina iku mesthi bakal ana lindhu kang nggegirisi ing tanah Israel. 20Iwak-iwak ing sagara, manuk-manuk ing awang-awang, kewan-kewan ing alas, sakehing kewan kang gumremet lan sakehing manungsa kang ana ing bumi bakal padha gumeter ndeleng pasuryaningSun. Gunung-gunung bakal padha gugur, peperenging gunung bakal padha longsor lan saben tembok bakal ambruk. 21Ingsun bakal nganakake samubarang kabeh kang gawe kagete Gog – makaten pangandikanipun Pangeran Yehuwah – satemah pedhang kang siji bakal mangsa sijine. 22Ingsun bakal paring paukuman marang Gog awujud pageblug lan wutahing getih; Ingsun bakal nganakake udan deres, udan krikil, udan geni lan udan welirang kang tumempuh marang dheweke marang wadya-balane lan marang bangsa akeh kang padha mbiyantu dheweke. 23Ingsun bakal ngatingalake kamulyaningSun lan kasuceningSun sarta bakal ngatingalake sariraningSun ana ing sangarepe bangsa akeh, temah wong-wong bakal padha sumurup, manawa Ingsun iki Yehuwah.

Currently Selected:

YEHESKIEL 38: JAV

Highlight

Share

Copy

None

Want to have your highlights saved across all your devices? Sign up or sign in