YouVersion Logo
Search Icon

PANGENTASAN 13:21-22

PANGENTASAN 13:21-22 JAV

dene Gusti Allah tindak ana ing ngarepe, ing wayah awan ana ing tugu mega kang diagem nuntun lakune, lan ing wayah bengi ana ing tugu geni kang diagem madhangi, supaya padha bisa mbanjurake lakune rina lan wengi. Tugune mega ing wayah awan lan tugune geni ing wayah bengi ora tau gumingsir saka ing ngarepe bangsa iku.