AMOS 9:13-14
AMOS 9:13-14 JAV
Pangandikane Sang Yehuwah mangkene: “Lah bakal tumeka ing titi-mangsane, wong mluku bakal ana ing burine wong ani-ani, wong kang mipit woh anggur lan kang nyebar wiji; gunung-gunung padha netesake anggur anyar, sarta tengger-tengger bakal kabanjiran. UmatingSun Israel bakal Sunpulihake maneh, nuli padha mbangun maneh kutha-kuthane kang wus gempur sarta banjur dienggoni; bakal padha nanduri pakebonane anggur, sarta bakal ngombe anggure, lan bakal padha gawe kebon woh-wohan lan mangan wohe.





