AMOS 3
3
Nabi iku kang nglantarake pangandikane Gusti Allah
3:1-8
1He wong Israel, padha ngrungokna pangandika kang kadhawuhake dening Pangeran Yehuwah tumrap sira, iya tumrap bangsa sakabehe kang wus Sunentasake saka ing tanah Mesir, mangkene pangandikane:
2“Mung sira kang Sunudaneni,
saka sakehe bangsa ing salumahing bumi,
mulane sira bakal Sunukum
marga saka sakehe kaluputanira.
3Apa ana wong loro kang mlaku bebarengan,
manawa durung sarembug?
4Apa ana singa kang nggero ana ing alas,
manawa durung oleh memangsan?
Singa nom apa nyuwara ana ing panggonane,
manawa durung nubruk apa-apa?
5Apa ana manuk kang tiba ana ing pasangan kang ana ing lemah,
manawa ora kapasangan pakan?
Pasangane apa iya kajunjung saka ing lemah
manawa durung oleh apa-apa?
6Apa ana kalasangka kaunekake ana ing sawijining kutha,
kang ora ndadekake gumetere wong-wong?
Lan apa ana bilai kang nempuh sawijining kutha,
kang dudu Pangeran Yehuwah kang nindakake?
7Sanyata, Pangeran Yehuwah Allah ora nindakake apa-apa
tanpa putusan kang kalairake marang para nabi abdine.
8Singa wus nggero,
sapa kang ora wedi?
Pangeran Yehuwah Allah wus ngandika,
sapa kang ora medhar wangsit?”
Pawarta bab rusake Israel
3:9-15
9Padha wartakna ana ing kadhaton ing Asyur,
lan ing sajroning kadhaton ing tanah Mesir,
sarta ngucapa: “Padha nglumpuka ang ing gunung-gunung ing sacedhake Samaria,
lan nyawanga pageger gedhe kang ana ing satengahe nagara iku
sarta panganiaya kang ana ing kutha kono.”
10“Wong-wong iku padha ora sumurup marang tindak kang jujur,”
mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah,
“yaiku wong kang padha nandho panindhes lan panganiaya ana ing kadhatone.”
11Kang iku pangandikane Pangeran Yehuwah Allah mangkene:
“Mungsuh bakal ngepung nagaranira,
lan bakal ngilangake kasantosanira,
sarta kadhatonira bakal dijarah-rayah!”
12Pangandikane Sang Yehuwah mangkene:
“Kayadene pangon kang ngrebut
sikil loro utawa kuping sacuwil saka ing cangkeme singa,
kaya mangkono wong Israel kang manggon ing Samaria anggone bakal kaentasake,
kaya saperanganing dipan,
lan kaya saperanganing sikile paturon.”
13Pangandikane Pangeran Yehuwah Allah Gustining sarwa tumitah:
“Padha ngrungokna, lan turune Yakub padha elingna.”
14 #
2Ra 23:15
“Ing dina anggoningSun ngukum Israel,
marga saka panggawe-panggawene kang ala,
Ingsun iya bakal ndhawahake paukuman marang misbyah-misbyahe Betel,
temah sungune misbyah iku padha ditugeli
lan padha tiba ing lemah.
15Omah kang dienggoni ing mangsa atis bakal Sungempur
bareng karo omah kang dienggoni ing mangsa panas,
omah-omah gadhing padha remuk,
apadene omah gedhe padha sirna,” mangkono pangandikane Sang Yehuwah.
Currently Selected:
AMOS 3: JAV
Highlight
Share
Copy
Want to have your highlights saved across all your devices? Sign up or sign in
Javanese Bible © Indonesian Bible Society, 1981.

: