I SAMUEL 3:9-10
I SAMUEL 3:9-10 JAV
Mulane Imam Eli ngandika marang Samuel: “Mapana turu maneh lan manawa kowe ditimbali, matura mangkene: Dhuh Sang Yehuwah, Paduka mugi karsaa ngandika, amargi abdi Paduka punika mirengaken.” Samuel banjur bali mapan turu maneh ana ing paturone. Sang Yehuwah banjur ngrawuhi jumeneng ana ing kono lan nimbali kaya kang uwis-uwis: “Samuel, Samuel!” Lan Samuel matur: “Paduka mugi karsaa ngandika, amargi abdi Paduka mirengaken.”






