YouVersion Logo
Search Icon

1 KORINTA 5

5
Dosa ing sajroning pasamuwan
5:1-13
1 # PT 22:30 Pancen wong-wong padha krungu, yen ing antaramu ana kang laku jina, malah patrape laku jina mau, ora tau kalakon ana ing antarane para bangsa kang ora wanuh marang Gusti Allah, yaiku ana wong kang ngalap somahe bapakne. 2Ewadene kowe kok padha kumlungkung. Apa ora luwih becik kowe padha prihatin, sarta nyingkirake wong kang duwe pratingkah mangkono mau saka ing tengahmu. 3Sabab aku, sanadyan ing tata lair adoh, nanging sacara rohani adu arep, aku kaya wis matrapi paukuman marang wong kang nglakoni mangkono iku. 4Yen kita padha kumpul sajroning roh, kowe padha tetunggalan karo aku, kanthi daya kakuwatane Gusti Yesus, Gusti kita, 5wong iku kudu kita pasrahake marang Iblis atas Asmane Gusti Yesus, satemah daginge rusak, supaya sukmane kapitulungana rahayu besuk ing dinane Gusti. 6#Gl 5:9Ora becik gumunggungmu iku. Apa kowe padha ora sumurup, yen ragi sathithik iku rumasuk ing jladren kabeh? 7#Pa 12:5Buwangen ragi kang lawas iku, supaya kowe padha dadi jladren kang anyar, sabab kowe rak pancen tanpa ragi. Awit Cempe-Paskah kita uga wis disembeleh, yaiku Sang Kristus. 8#Pa 13:7; PT 16:3Mulane payo kita padha pista, ora nganggo ragi kang lawas, ragi piala utawa duraka, nanging nganggo roti kang tanpa ragi, yaiku kaburusan lan kayekten.
9Aku wis nulis ana ing layangku#5:9 seratipun Rasul Paulus punika sapunika sampun boten wonten. marang kowe, supaya kowe aja sesrawungan karo wong kang padha laku jina. 10Kang dakkarepake iku ora karo kabeh wong kang laku jina ing jagad iki, utawa karo kabeh wong kang cethil sarta tukang ngapusi, utawa kabeh wong kang padha nyembah brahala, amarga yen ta mangkonoa kowe mesthi kudu padha metu saka jagad iki. 11Nanging, anggonku nulis marang kowe iku mau mangkene: kowe aja nganti srawung karo wong, kang sanadyan wong mau ngaku sadulur, nyatane laku jina, cethil, nyembah brahala, gawene mitenah, seneng mendem utawa tukang ngapusi; kowe aja pisan-pisan mangan bebarengan karo wong kang kaya mangkono iku. 12Sabab yen aku padha ngadili wong-wong kang ana sajabaning pasamuwan, iku aku migunakake wewenang apa? Kowe rak mung padha ngadili wong-wong kang ana ing sajroning pasamuwan ta? 13#PT 13:5, 17:7Para wong kang padha ana ing sajabaning pasamuwan, iku bakal diadili dening Gusti Allah. Wong kang padha nandukake piala iku tundhungen saka ing tengah-tengahmu.

Currently Selected:

1 KORINTA 5: JAV

Highlight

Share

Copy

None

Want to have your highlights saved across all your devices? Sign up or sign in