1
Masmur 119:105
Kitab Jawa Suriname
KJS17
Pitutur-Mu kuwi dimar ing ngarepé sikil kula lan pepadang kanggo dalan kula.
Compare
Explore Masmur 119:105
2
Masmur 119:11
Janji Panjenengan kula simpen ing njeruhné ati, supaya kula aja nganti nggawé dosa marang Panjenengan.
Explore Masmur 119:11
3
Masmur 119:9
Karo tyara kepriyé wong nom-noman tetep resik mlakuné? Yèn njaga uripé karo tembung-Mu.
Explore Masmur 119:9
4
Masmur 119:2
Rahayu wong sing pada nyekel pepéling-pepélingé Gusti lan nggolèki Panjenengané karo sak kabèhé ati
Explore Masmur 119:2
5
Masmur 119:114
Panjenengan kuwi pangungsèn lan tamèng kula, tembung-Mu sing kula entèn-entèni.
Explore Masmur 119:114
6
Masmur 119:34
Kula supaya Panjenengan kèki ngerti, nganti kula terus bakal netepi pernatan Panjenengan, bakal kula tindakké karo sak kabèhé ati.
Explore Masmur 119:34
7
Masmur 119:36
Ati kula supaya Panjenengan adepaké marang tembung pepélingé Panjenengan, aja marang mung nguber bati.
Explore Masmur 119:36
8
Masmur 119:71
enggèn kula ditindes kuwi maédahi kanggo kula, ya kuwi ndadèkké kula terus nyinaoni pernatan-Mu.
Explore Masmur 119:71
9
Masmur 119:50
Kuwi sing dadi panglipuran kula ing njeruhné kasangsaran kula, namung perjanjian-Mu sing nguripké kula.
Explore Masmur 119:50
10
Masmur 119:35
Kula supaya lakokké ing dalané pepakoné Panjenengan, awit kuwi sing kula senengi.
Explore Masmur 119:35
11
Masmur 119:33
Duh GUSTI, Panjenengan supaya nduduhké pinuntun bab pernatan Panjenengan marang kula, bakal kula turut tekan sak lawas-lawasé.
Explore Masmur 119:33
12
Masmur 119:28
Nyawa kula nangis awit sedih, Panjenengan supaya nguwatké miturut tembungé Panjenengan
Explore Masmur 119:28
13
Masmur 119:97
Kula kuwi trésna banget marang angger-angger-Mu, sedina muput kula resep-resepi.
Explore Masmur 119:97