Kepriyé bisané dingertèni, yèn kula wis nampa kawelasan ing ngarepé Panjenengan, ya kula uga umaté Panjenengan? Kuwi awit Gusti mlaku bareng karo kita, nganti kula uga umaté Panjenengan kuwi dibédakké karo bangsa-bangsa ing sak lumahé bumi iki.” Tembung GUSTI marang Moses: “Penjalukmu kuwi ya bakal Tak turuti, awit kowé wis olèh kawelasan ing ngarep-Ku lan Aku wis kenal marang kowé.”