Uga kowé mréntaha marang wong Israèl, supaya pada masrahaké lenga saitun deplokan sing tulèn kanggo dimar, supaya dimaré tansah murup. Ing sak njeruhné Tarup Kumpulan ing sak njabané geber sing ngaling-alingi petiné pernatan, ing kono Harun lan anak-anaké sing nata dimar mau ing ngarepé GUSTI wiwit mbengi nganti ésuk. Kuwi pernatan sing kudu ditandangi turun-temurun kanggo wong Israèl.