1
Pangentasan 23:25-26
Kitab Jawa Suriname
KJS17
Nanging kowé kudu ngabekti marang GUSTI, Gusti Allahmu, nganti roti lan banyuné bakal kaberkahan lan Aku bakal ngedohké lara sangka tengahmu. Ing negaramu bakal ora ana wong wadon sing kluron utawa sing gabuk. Lan umuré bakal Tak jangkepi.
Compare
Explore Pangentasan 23:25-26
2
Pangentasan 23:20
Wis, Aku bakal ngutus mulékat budal ing ngarepmu, perlu njaga mlakumu ing dalan lan nuntun mlakumu menyang panggonan sing Tak tyepakké.
Explore Pangentasan 23:20
3
Pangentasan 23:22
Nanging yèn kowé temen-temen manut préntah-préntahé, lan nglakoni sembarang sing Tak préntahké, Aku bakal nglawan mungsuhmu lan nglawan lawanmu.
Explore Pangentasan 23:22
4
Pangentasan 23:2-3
Kowé aja mèlu-mèlu wong okèh nglakoni ala, lan enggonmu nglairké paseksi kanggo sakwijiné perkara aja mèlu-mèlu wong okèh kanggo ndoyongké pengadilan. Ya aja mbédak-mbédakké perkaran ing pengadilan, senajan kanggo wong mlarat.
Explore Pangentasan 23:2-3
5
Pangentasan 23:1
“Kowé aja nyebar kabar goroh. Aja ngréwangi wong sing salah lan gelem dadi seksi sing ora bener.
Explore Pangentasan 23:1
Home
Bible
Plans
Videos