Kowé aja nggawé retya utawa tiruan apa waé ing langit nduwur utawa ing bumi ngisor, uga ing banyu sak ngisoré bumi. Kowé aja sujut utawa ngabekti marang kuwi, awit Aku, GUSTI, Gusti Allahmu, iki Allah sing sujana, sing mbales kesalahané bapak marang anak-anaké nganti tekan turunan kaping telu lan kaping papat, kanggo wong sing pada sengit marang Aku