1
Juru Kotbah 7:9
Kitab Jawa Suriname
KJS17
Aja gelis-gelis nesu ing sak njeruhné ati, awit nesu kuwi kelèt ing atiné wong bodo.
Compare
Explore Juru Kotbah 7:9
2
Juru Kotbah 7:14
Yèn nalika kepénak bebungaha, yèn dina tyilaka kuwi élinga uga dianakké karo Gusti Allah kaya dinané kabekjan, supaya manungsa ora bisa weruh apa sing bakal kelakon.
Explore Juru Kotbah 7:14
3
Juru Kotbah 7:8
Pungkasané perkara kuwi luwih apik tenimbang karo wiwitané. Kesabaran sing gedé kuwi luwih apik tenimbang gemunggung.
Explore Juru Kotbah 7:8
4
Juru Kotbah 7:20
Sejatiné ing bumi iki ora ana wong sing bener: sing nglakoni penggawé apik lan sing ora tau nglakoni dosa.
Explore Juru Kotbah 7:20
5
Juru Kotbah 7:12
Awit dipayungi kawityaksanan kuwi kaya dipayungi duwit. Lan beja wong sing weruh, yèn kawityaksanan kuwi njaga marang uripé para wong sing nduwèni.
Explore Juru Kotbah 7:12
6
Juru Kotbah 7:1
Jeneng sing apik kuwi luwih betyik tenimbang karo lenga wangi sing larang, lan dinané ninggal ndonya kuwi luwih apik tenimbangané karo dina lairé.
Explore Juru Kotbah 7:1
7
Juru Kotbah 7:5
Ngrungokké senènané wong wityaksana kuwi luwih apik tenimbangané ngrungokké nyanyiané wong bodo.
Explore Juru Kotbah 7:5
8
Juru Kotbah 7:2
Luwih apik mlebu ing omah sing kasusahan tenimbangané mlebu ing omah sing pésta, awit ing omah sing kasusahan kuwi pungkasané saben manungsa: wong urip apiké ngélingi bab iki.
Explore Juru Kotbah 7:2
9
Juru Kotbah 7:4
Wong wityaksana kuwi seneng ing omah sing ijik kasusahan, nanging wong bodo seneng ing omah sukak-sukak.
Explore Juru Kotbah 7:4