1
ZAKHARIA 9:9
Kitab Sutji
JAV
He putri Sion, surak-suraka kang sora; he putri Yerusalem, giyak-giyaka! Lah ratunira ngrawuhi sira; Panjenengane iku adil sarta unggul, lembah panggalihe, nitih kuldi, belo anaking kuldi momotan.
Compare
Explore ZAKHARIA 9:9
2
ZAKHARIA 9:10
Iku bakal numpes sakehe kreta perang ing Efraim lan sakehe jaran ing Yerusalem, apadene gendhewaning perang bakal disirnakake. Sabanjure Sang Prabu iku bakal martosake bab katentreman marang para bangsa. Wilayah pangwaose iku gumelar wiwit saka ing sagara tekan ing sagara sarta saka ing bengawan Efrat tekan ing poncot-poncoting bumi.
Explore ZAKHARIA 9:10
3
ZAKHARIA 9:16
Ing dina iku bakal padha kaparingan pitulungan dening Pangeran Yehuwah Allahe, sabab padha dadi kayadene pepanthaning umate, lan bakal padha dadi kaya barleyan mripating makutha kang pating glebyar, kaya mangkono kaanane ana ing tanahing Yehuwah.
Explore ZAKHARIA 9:16
Home
Bible
Plans
Videos