Nanging bareng kamurahaning Allah, Pamarta kita, sarta katresnane marang manungsa kababar, ing nalika iku Panjenengane nylametake marang kita, ora marga saka panggawe becik kang wis kita lakoni, nanging marga saka sih-rahmate sarana padusan kalairan kapindho lan marga saka kaanyarake dening Sang Roh Suci, kang wus kaesokake marang kita dening Gusti Yesus Kristus, Pamarta kita, supaya kita, kang wus kabenerake dening sih-rahmate, padha wenang nampani urip langgeng, kayadene kang dadi pangarep-arep kita.