Awit ana tulisan, wiraose:
“Demi gesangingSun, mangkono pangandikaning Pangeran,
kabeh dhengkul bakal padha sujud ana ing ngarsaningSun,
sarta sakehe ilat bakal ngluhurake Gusti Allah.”
Dadine siji-sijine panunggalan kita iku bakal ngunjukake panjawab marang Gusti Allah bab prakarane dhewe-dhewe.