Aku pratela marang saben wong kang ngrungokake ing pangandika wedharing wangsite kitab iki: “Manawa ana wong kang muwuhi apa-apa ing pangandika iki, Gusti Allah mesthi bakal muwuhi wewelak marang dheweke padha kaya kang katulisan ing kitab iki. Lan manawa ana wong kang ngurangi ing pangandikane kitab wedharing wangsit iki, Gusti Allah bakal mundhut pandumane saka ing wit panguripan lan saka ing kutha suci, kaya kang katulisan ana ing kitab iki.”