1
JABUR 5:12
Kitab Sutji
JAV
Nanging sakathahipun tiyang ingkang ngungsi dhumateng Paduka, badhe sami suka rena, sami surak-surak ing salaminipun margi sami Paduka ayomi saha margi saking Paduka tiyang ingkang tresna dhumateng Paduka badhe sami sumyak-sumyak.
Compare
Explore JABUR 5:12
2
JABUR 5:3
Dhuh Ratu kawula saha Allah kawula, Paduka mugi midhangetaken anggen kawula njerit nyuwun pitulungan, amargi dhumateng Paduka anggen kawula ndedonga.
Explore JABUR 5:3
3
JABUR 5:11
Dhuh Allah, tiyang punika kajengipun sami nanggel kalepatanipun, kajengipun sami dhawah margi saking rancanganipun piyambak, sami kabucala awit saking kathahing panerakipun, amargi sami mbalela dhateng Paduka.
Explore JABUR 5:11
4
JABUR 5:8
Nanging kawula Paduka parengaken sowan lumebet ing padaleman Paduka, amargi saking agenging sih palimirma Paduka. Kawula Paduka parengaken tumungkul sujud madhep dhateng ing padaleman Paduka ingkang suci, kanthi pakering dhumateng Paduka.
Explore JABUR 5:8
5
JABUR 5:2
Dhuh Yehuwah, Paduka mugi karsaa miyarsakaken unjuk kawula, saha karsaa midhangetaken pasambat kawula.
Explore JABUR 5:2