1
JABUR 34:18
Kitab Sutji
JAV
Manawa para wong mursid sesambat marang Pangeran Yehuwah, banjur dipiyarsakake, sarta padha diluwari saka ing sakehing rerubede.
Compare
Explore JABUR 34:18
2
JABUR 34:4
Payo padha ngluhurake Sang Yehuwah bareng karo aku, payo padha bebarengan nyuwurake asmane!
Explore JABUR 34:4
3
JABUR 34:19
Pangeran Yehuwah ana ing sacedhake para wong kang rempu atine, sarta para wong kang pepes budine padha dipitulungi.
Explore JABUR 34:19
4
JABUR 34:8
Malaekate Pangeran Yehuwah ngamping-ampingi wong kang ngabekti marang Panjenengane, sarta padha kaluwaran.
Explore JABUR 34:8
5
JABUR 34:5
Aku wus ngupaya Pangeran Yehuwah, banjur diparingi wangsulan, sarta diluwari saka sabarang kang marakake girisku.
Explore JABUR 34:5
6
JABUR 34:17
wedanane Pangeran Yehuwah nglawan para wong kang gawe piala, supaya pangenget-enget tumrap wong-wong mau kasirnakake saka ing bumi.
Explore JABUR 34:17
7
JABUR 34:7
Wong kang katindhes iki asesambat, nuli dipiyarsakake dening Sang Yehuwah; sarta diluwari saka ing sakehe rerubede.
Explore JABUR 34:7
8
JABUR 34:14
Ilatmu pekaken aja nganti medharake tembung ala sarta lambemu aja ngucapake kang cidra
Explore JABUR 34:14
9
JABUR 34:13
Sapa kang seneng urip, kang kepengin umur dawa supaya bisa ngrasakake kang becik?
Explore JABUR 34:13
10
JABUR 34:15
ngedohana piala, nglakonana kang becik, ngudia marang karukunan lan arahen nganti kacekel!
Explore JABUR 34:15
11
JABUR 34:3
Marga saka Sang Yehuwah nyawaku rumangsa mulya; wong kang lembah manah cikben padha krungu lan padha bungah.
Explore JABUR 34:3