1
JABUR 25:5
Kitab Sutji
JAV
Lampah kawula mugi Paduka tuntun wonten ing kaleresan Paduka, lan kawula mugi Paduka wulang, amargi Paduka punika Allah ingkang paring karahayon dhumateng kawula; Paduka ingkang kawula antos-antos sadinten muput.
Compare
Explore JABUR 25:5
2
JABUR 25:4
Dhuh Yehuwah, kawula mugi Paduka paringi sumerep bab margi Paduka, sarta karsaa nedahaken radinan Paduka.
Explore JABUR 25:4
3
JABUR 25:14
Pasrawungane Sang Yehuwah kang celak iku karo wong kang padha wedi marang Panjenengane, sarta iku padha diparingi sumurup bab prajanjiane.
Explore JABUR 25:14
4
JABUR 25:7
Paduka mugi sampun ngengeti dhateng dosa kawula nalika taksih nem tuwin dhateng duraka kawula, nanging mugi Paduka karsaa enget dhumateng kawula manut sih-kadarman Paduka, margi saking kamirahan Paduka, dhuh Yehuwah.
Explore JABUR 25:7
5
JABUR 25:3
Sayektos, tiyang ingkang ngantos-antos dhumateng Paduka punika, mesthi boten kawirangan; nanging tiyang ingkang nglampahi cidra tanpa sabab punika manggih wirang.
Explore JABUR 25:3