Nem prakara iki kang disengiti dening Pangeran Yehuwah,
malah pitung prakara kang dadi jejember tumrap galihe;
iya iku mripat gumunggung, ilat cidra,
tangan kang ngwutahake getihe wong kang ora salah;
ati kang ngrantam-rantam piala,
sikil kang enggal-enggal marani piala,
seksi palsu, kang ngucapake ujar pagorohan,
sarta kang njalari ecrahe sadulur.