1
WULANG BEBASAN 21:21
Kitab Sutji
JAV
Wong kang ngudi marang kabeneran lan katresnan, bakal nemu urip, kabeneran lan kaurmatan.
Compare
Explore WULANG BEBASAN 21:21
2
WULANG BEBASAN 21:5
Rancangane wong sregep iku nekakake kaluberan, nanging saben wong kang gugupan iku mung bakal ngalami kacingkrangan.
Explore WULANG BEBASAN 21:5
3
WULANG BEBASAN 21:23
Sing sapa njaga cangkem lan ilate, dadi ngreksa awake, uwal saka ing kerubedan.
Explore WULANG BEBASAN 21:23
4
WULANG BEBASAN 21:2
Saben wong ngarani dalane dhewe iku lenceng, nanging Sang Yehuwah kang neter ati.
Explore WULANG BEBASAN 21:2
5
WULANG BEBASAN 21:31
Jaran dirakiti kanggo ing mangsa perang, nanging kaunggulan iku ana ing astane Pangeran Yehuwah.
Explore WULANG BEBASAN 21:31
6
WULANG BEBASAN 21:3
Nindakake kabeneran lan kaadilan iku anggone gawe renaning panggalihe Sang Yehuwah ngluwihi kurban.
Explore WULANG BEBASAN 21:3
7
WULANG BEBASAN 21:30
Ora ana kawicaksanan lan pangreten, lan ora ana panimbang-nimbang kang bisa nandhingi Sang Yehuwah.
Explore WULANG BEBASAN 21:30
8
WULANG BEBASAN 21:13
Sing sapa nutupi kupinge marang pasambate wong mlarat, manawa sambat-sambat dhewe, ora bakal disembadani.
Explore WULANG BEBASAN 21:13