1
WILANGAN 22:28
Kitab Sutji
JAV
Kuldine tumuli kabuka cangkeme dening Sang Yehuwah, nganti bisa ngucap marang Bileam: “Kalepatan kula punapa dhateng panjenengan, dene ngantos panjenengan gebagi rambah kaping tiga punika?”
Compare
Explore WILANGAN 22:28
2
WILANGAN 22:31
Pangeran Yehuwah banjur damel awasing pandelenge Bileam, temah weruh Sang Malaekate Pangeran Yehuwah jumeneng ana ing dalan klawan ngasta pedhang ligan. Bileam tumuli jengkeng sujud ana ing ngarsane.
Explore WILANGAN 22:31
3
WILANGAN 22:32
Pangandikane Sang Malaekate Pangeran Yehuwah marang Bileam: “Yagene sira nggitiki kuldinira nganti rambah ping telu? Lah, anggoningSun miyos iki dadi mungsuhira, marga tumrap Ingsun dalan iki anjog ing karusakan.
Explore WILANGAN 22:32
4
WILANGAN 22:30
Pangucape kuldi marang Bileam: “Kula punika rak kuldi titihan panjenengan ing salaminipun sugeng panjenengan ngantos dumugi sapunika; punapa kula nate nandukaken ingkang makaten punika dhateng panjenengan?” Wangsulane: “Ora.”
Explore WILANGAN 22:30
5
WILANGAN 22:29
Calathune Bileam marang kuldine: “Marga aku kokgawe geguyon, saupama aku nyekela pedhang, masthi kowe dakpateni saiki uga.”
Explore WILANGAN 22:29
6
WILANGAN 22:27
Bareng kuldine weruh Sang Malaekate Pangeran Yehuwah, banjur ndheprok isih katunggangan dening Bileam. Bileam nepsu banget, nganti kuldine digebugi klawan tekene.
Explore WILANGAN 22:27