Mung bae, demi Ingsun agesang lan salumahing bumi kebekan kaluhuraning Yehuwah: sakehe wong kang wus weruh ing kaluhuraningSun lan pratandha-pratandha mukjijad kang wus Suntindakake ana ing tanah Mesir lan ing pasamunan, mangka wus padha nyoba marang Ingsun nganti rambah ping sepuluh iki, sarta padha ora gelem ngrungokake dhawuhingSun, iku mesthi ora bakal padha ndeleng tanah kang wus Sunprasetyakake klawan supaos marang para leluhure! Sakehe wong kang wus nyampahi marang Ingsun, mesthi ora ana kang bakal ndeleng.