lan akeh suku bangsa kang padha budhalan kalawan ngucap:
“Payo padha munggah marang gununge Sang Yehuwah,
marang padalemane Gusti Allahe Yakub,
supaya padha kaparingana pitedah bab margi-margine,
sarta supaya kita padha ngambah ing lurung-lurunge,
marga saka Sion bakal ana pituduh,
lan saka ing Yerusalem bakal ana pangandikane Pangeran Yehuwah.”