Mulane manawa mripatmu tengen dadi jalaraning piala, cuplaken banjur buwangen, amarga luwih becik kelangan salah sawijining peranganing badanmu katimbang badanmu sakojur kacemplungake ing naraka. Lan maneh manawa tanganmu tengen dadi jalaraning piala, kethoken banjur buwangen, amarga luwih becik kelangan salah sawijining peranganing badanmu katimbang badanmu sakojur kacemplungake ing naraka.