Para pangareping imam mau sawise pirembugan karo pinituwa, banjur padha gawe putusan, para prajurit kang jaga padha diwenehi dhuwit akeh lan padha diweling: “Kowe padha martak-martakna, yen ing wayah bengi para sakabate padha teka nyolong layone, nalika kowe kabeh lagi padha turu. Manawa bab iki kaprungu dening wali-nagara, aku kang bakal padha matur marang panjenengane, supaya aja nganti ndadekake kasusahanmu.” Para prajurit banjur padha nampani dhuwite lan nindakake apa kang wis kadhawuhake. Carita mangkono iku banjur sumebar ana ing satengahe wong-wong Yahudi nganti saprene.