1
MATEUS 19:26
Kitab Sutji
Gusti Yesus banjur mandeng marang para sakabat sarta ngandika: “Tumraping manungsa bab iku mokal, nanging mungguhing Allah samubarang kabeh bisa kalakon.”
Compare
Explore MATEUS 19:26
2
MATEUS 19:6
Mulane wis mari dadi loro, mung siji. Awit saka iku, apa kang wus katunggalake dening Allah, ora kena kapisah dening manungsa.”
Explore MATEUS 19:6
3
MATEUS 19:4-5
Paring wangsulane Gusti Yesus: “Apa kowe ora maca, yen kang nitahake manungsa iku wiwit sakawit anggone ndadekake wis arupa lanang lan wadon? Lan pangandikane: Mulane wong lanang iku kudu ninggal bapa biyunge sarta banjur manunggal karo rabine, temah loro-lorone dadi daging siji.
Explore MATEUS 19:4-5
4
MATEUS 19:14
Nanging Gusti Yesus ngandika: “Cikben bocah-bocah iku, aja kokalang-alangi anggone padha sowan ing ngarsaKu, sabab wong-wong kang kaya mangkono iku, kang padha nduweni Kratoning Swarga.”
Explore MATEUS 19:14
5
MATEUS 19:30
Ananging akeh pangarep kang bakal dadi pamburi lan para pamburi bakal dadi pangarep.”
Explore MATEUS 19:30
6
MATEUS 19:29
Lan saben wong kang marga saka Aku wis ninggal omahe, sadulure lanang utawa wadon, bapa-biyunge, anak-anake apadene palemahane, iku bakal tampa sembulih tikel satus lan bakal oleh warisan urip langgeng.
Explore MATEUS 19:29
7
MATEUS 19:21
Pangandikane Gusti Yesus: “Yen kowe arep sampurna, wis lungaa, barang darbekmu kabeh dolana, lan pepayone kabeh wenehna marang wong miskin, temahan kowe oleh bandha ana ing swarga, banjur mrenea, melua Aku.”
Explore MATEUS 19:21
8
MATEUS 19:17
Pangandikane Gusti Yesus: “Apa sababe, dene kowe takon marang Aku bab apa kang becik? Kang becik iku mung Siji. Ewadene manawa kowe kapengin lumebu ing urip, tetepana sakabehing pepakon.”
Explore MATEUS 19:17
9
MATEUS 19:24
Sapisan engkas pituturKu marang kowe, luwih gampang unta lumebu ing bolonganing dom tinimbang wong sugih lumebu ing Kratoning Allah.”
Explore MATEUS 19:24
10
MATEUS 19:9
Malah Aku pitutur marang kowe: Sing sapa megat rabine, liyane jalaran saka laku jina lan banjur rabi liyane, iku dadi laku bandrek.”
Explore MATEUS 19:9
11
MATEUS 19:23
Gusti Yesus tumuli ngandika marang para sakabate: “Satemene pituturKu marang kowe, yen wong sugih iku angel banget bisane lumebu ing Kratoning Swarga.
Explore MATEUS 19:23
YouVersion uses cookies to personalize your experience. By using our website, you accept our use of cookies as described in our Privacy Policy
Home
Bible
Plans
Videos