1
LUKAS 6:38
Kitab Sutji
JAV
Padha weweha, supaya kowe iya diwenehi. Takeran kang apik, kang ditetel-tetel, kang dioyog lan kang luber, bakal kaesokake ing pangkonmu, amarga ukuran kang kokanggo ngukur, iku iya bakal kanggo ngukur kowe.”
Compare
Explore LUKAS 6:38
2
LUKAS 6:45
Wong kang becik iku metokake barang kang becik saka ing simpenaning atine kang becik, dene wong kang ala iku metokake barang kang ala saka ing simpenaning atine kang ala. Sabab kang diucapake dening cangkem, iku mbludag saka ing sajroning ati.”
Explore LUKAS 6:45
3
LUKAS 6:35
Nanging kowe, padha tresnaa marang satrumu, padha becikana sarta silihana tanpa pangarep-arep piwelase, temah bakal gedhe ganjaranmu, apamaneh kowe bakal padha dadi putraning Allah Kang Mahaluhur, amarga Panjenengane nindakake kasaenan marang wong kang padha ora weruh ing kabecikan lan para wong ala.
Explore LUKAS 6:35
4
LUKAS 6:36
Kowe sing padha ambek welasan, kaya anggone Ramamu iya ambek welasan.”
Explore LUKAS 6:36
5
LUKAS 6:37
“Aja padha ngukumi, supaya kowe iya ora bakal padha diukumi. Lan aja padha ngadili, supaya kowe iya ora padha diadili. Padha ngapuraa, supaya kowe iya diapura.
Explore LUKAS 6:37
6
LUKAS 6:27-28
“Nanging kowe kang padha ngrungokake marang Aku, padha Dakpituturi: Padha tresnaa marang mungsuhmu, wong kang sengit marang kowe, padha becikana. Wong kang nyupatani kowe, padha suwunna berkah; wong kang sawenang-wenang marang kowe, padha dongakna becik.
Explore LUKAS 6:27-28
7
LUKAS 6:31
Apa kang kokkarepake tumrap kang tumanduk marang kowe, iku iya tandukna marang wong.
Explore LUKAS 6:31
8
LUKAS 6:29-30
Sing sapa nangani pipimu sasisih, sisihe pisan ulungna, lan sing sapa ngrebut jubahmu, cikben ngepek kotangmu pisan. Wong kang njejaluk marang kowe, wenehana, lan aja njaluk baline marang darbekmu kang wis dijupuk ing wong.
Explore LUKAS 6:29-30
9
LUKAS 6:43
“Amarga ora ana wit kang becik kang metokake woh kang ala, lan iya ora ana wit kang ala kang metokake woh kang becik.
Explore LUKAS 6:43
10
LUKAS 6:44
Sabab saben wit iku ketitik saka wohe. Awit ora ana woh anjir dipethik saka tethukulan eri, lan ora ana woh anggur diundhuh saka grumbul eri.
Explore LUKAS 6:44
Home
Bible
Plans
Videos