1
KAIMAMAN 19:18
Kitab Sutji
JAV
Sira aja males ala lan aja ngigit-igit marang padha bangsanira; malah sira tresnaa marang pepadhanira dikaya marang awakira dhewe; Ingsun iki Yehuwah.
Compare
Explore KAIMAMAN 19:18
2
KAIMAMAN 19:28
Sira aja nggaret-nggareti awakira marga kepaten lan sira aja gawe ciri-ciri ana ing badanira; Ingsun iki Yehuwah.
Explore KAIMAMAN 19:28
3
KAIMAMAN 19:2
“Sira ndhawuhana marang sapepake pasamuwane wong Israel lan tutura: Pangandikane Pangeran Yehuwah mangkene: Sira padha disuci, awitdene Ingsun Yehuwah Allhira iku suci.
Explore KAIMAMAN 19:2
4
KAIMAMAN 19:17
Sira aja ngendhem sengit marang sadulurira, pepadhanira elingna klawan ngeblak, sarta sira aja njalari dosanira dhewe marga saka wong iku.
Explore KAIMAMAN 19:17
5
KAIMAMAN 19:31
Sira aja padha madhep marang rohe wong kang wus ngajal utawa rohe para prewangan; sira aja nggoleki marang iku, temah padha dadi najis marga saka iku kabeh; Ingsun iki Yehuwah Allahira.
Explore KAIMAMAN 19:31
6
KAIMAMAN 19:16
Sira aja nyebar pitenah mrana-mrene ana ing antarane bangsanira, lan aja ngancam kaslametane pepadhanira; Ingsun iki Yehuwah.
Explore KAIMAMAN 19:16