“Dhuh Gusti kawula Sang Prabu, pandamelipun tiyang-tiyang punika awon tumrap Nabi Yeremia, inggih punika anggenipun nyemplungaken piyambakipun ing sumur, piyambakipun temtu pejah kaliren wonten ing ngriku! Amargi ing kitha rotinipun sampun telas.” Sang Prabu nuli paring dhawuh marang Ebed-Melekh, wong Etiopia iku, pangandikane: “Ngajaka wong telu, Nabi Yeremia entasna, sadurunge mati!”