1
YEREMIA 27:5
Kitab Sutji
JAV
Ingsun iki kang nitahake bumi, manungsa lan kewan kang padha ana ing bumi, kalawan kakiyataningSun kang gedhe lan astaningSun kang Sunegarake sarta Ingsun maringake iku kabeh marang wong, kang Sunanggep sembada ana ing ngarsaningSun.
Compare
Explore YEREMIA 27:5
2
YEREMIA 27:6
Lan saiki, Ingsun maringake sakehing nagara iki marang tangane abdiningSun Nebukadnezar, ratu ing Babil, dalah kewan ing ara-ara uga wus Sunparingake marang tangane supaya padha suyuda.
Explore YEREMIA 27:6
3
YEREMIA 27:9
Dene mungguh sira kabeh, sira aja padha nggugu marang para nabinira, juru tenungira, juru mbatang impenira, juru bethekira, lan juru sikirira, kang kandha marang sira: Kowe aja padha gelem teluk marang raja ing Babil!
Explore YEREMIA 27:9
4
YEREMIA 27:22
Iku kabeh bakal diusungi menyang ing Babil lan bakal disimpen ana ing kana nganti tumeka ing titi-mangsane Ingsun nggalih marang iku maneh – mangkono pangandikane Sang Yehuwah – sarta ngasta bali maneh menyang panggonan iki.”
Explore YEREMIA 27:22