Apa panganggepira sira iku raja,
manawa padha rebut unggul bab migunakake kayu eres?
Bapakira rak uga mangan lan ngombe,
lan oleh kanikmatan?
Nanging iku nindakake kaadilan lan kabeneran,
sarta mutusi prakarane wong sangsara
lan wong miskin kalawan adil.
Rak iku arane nganggep marang Ingsun?
Mangkono pangandikane Sang Yehuwah.