Amargi saben kawula wicanten, kapeksa mbengkok,
kedah alok-alok: “Ambeksiya! Paniksa!”
Amargi pangandikanipun Sang Yehuwah dados cacadan
lan pamoyok tumraping kawula, sadinten muput.
Nanging samangsa kawula mosik:
“Aku emoh ngelingi Panjenengane
lan wegah ngucapake pangandikane maneh atas Asmane!”,
ing salebeting manah kawula kados wonten latu murub makantar-kantar
ingkang pinepetan wonten ing balung kawula,
kawula ngantos kesel anggen kawula mbetah-mbetahaken,
nanging boten kuwawi.