Binerkahan wong kang kumandel marang Sang Yehuwah,
lan pangarep-arepe marang Sang Yehuwah!
Dheweke bakal kaya wit kang tinandur ana ing pinggiring banyu,
kang oyod-oyode mrambat ing pinggiring kali,
lan kang ora ngalami tekane panas sumelet,
godhonge ajeg ijo,
ora samar ing mangsa ngerak lan tanpa kendhat metokake woh.