Balane tumuli padha didhawuhi menyang panggonan banyu, Sang Gidheon banjur didhawuhi dening Pangeran Yehuwah: “Sapa kang ngombe banyu klawan ndilat, patrape kaya asu ndilat banyu, iku sira dhewekna, mangkono uga sapa kang ngombe klawan jengkeng.” Cacahe wong kang padha ngombe kanthi nyidhuk banjur kaparakake marang ing cangkeme iku ana telung atus, nanging liyane saka panunggalane para bala iku anggone ngombe kabeh klawan jengkeng.