Sang Yefta tumuli nglairake nadar marang Pangeran Yehuwah, unjuke: “Manawi saestu Paduka ngulungaken tiyang bani Amon dhateng ing tangan kawula, punapa kemawon ingkang medal rumiyin saking korinipun griya kawula, methukaken kawula, samangsa kawula mantuk klayan wilujeng saking ngajengipun tiyang bani Amon, punika badhe dados sesengkeranipun Sang Yehuwah, badhe kawula saosaken dados kurban obaran.”