1
YAKOBUS 3:17
Kitab Sutji
JAV
Balik kawicaksanan kang saka ing ngaluhur, iku kang dhisik dhewe murni, sabanjure dhemen rukun, sumlondhoh, mbangun turut, sugih kawelasan sarta woh-woh kang becik, ora ilon-ilonen sarta ora lamis.
Compare
Explore YAKOBUS 3:17
2
YAKOBUS 3:13
Sapa panunggalanmu kang wicaksana sarta limpad ing budi? Iku nuduhna panggawene uripe kang utama kalawan kawicaksanan, kang tuwuh saka budi sareh.
Explore YAKOBUS 3:13
3
YAKOBUS 3:18
Sarta mungguh wohing kayekten iku kasebarake sajrone tata rukun tumrap wong-wong kang olah tata rukun.
Explore YAKOBUS 3:18
4
YAKOBUS 3:16
Sabab ing ngendi ana kameren sarta sipat mung mikir awake dhewe, ing kono ana rerusuh sarta sarupane panggawe ala.
Explore YAKOBUS 3:16
5
YAKOBUS 3:9-10
Kalawan ilat kita memuji marang Gusti Allah, Rama kita, sarta kalawan ilat kita nyupatani manungsa, kang katitahake manut citraning Allah, cangkem siji metokake berkah lan ipat-ipat. Bab iki, para sadulurku ora kena mangkono.
Explore YAKOBUS 3:9-10
6
YAKOBUS 3:6
Ilat iku iya geni, prasasat jagading kadurakan sarta dununge ana ing antarane peranganing badan kita, dadi sawijining perangan kang bisa ngregedi badan sakojur sarta bisa ngobong rodhaning urip kita, dene ilat iku dhewe kasaladan dening geni naraka.
Explore YAKOBUS 3:6
7
YAKOBUS 3:8
nanging ora ana wong kang bisa gawe tututing ilat; iku piala kang kaya kewan galak, ora kena dikendhaleni sarta kebak wisa kang neniwasi.
Explore YAKOBUS 3:8
8
YAKOBUS 3:1
He para sadulurku, panunggalanmu aja akeh kang padha dadi guru, jalaran kita padha sumurup, manawa kita dadi guru, bakal padha diadili kalawan ukuran kang luwih abot.
Explore YAKOBUS 3:1