1
YESAYA 54:17
Kitab Sutji
JAV
Saben gegaman kang digembleng arep kanggo nglawan sira ora bakal bisa tumama, sarta saben wong kang nandukake pandakwa marang sira ana ing pangadilan bakal sira buktekake manawa salah. Iya iki kang bakal dadi pandumane para abdine Pangeran Yehuwah tuwin kabeneran peparingingSun, mangkono pangandikane Sang Yehuwah.
Compare
Explore YESAYA 54:17
2
YESAYA 54:10
Sabab sanadyan gunung-gunung padha ngalih lan tengger-tengger padha gonjing, nanging sih-susetyaningSun ora bakal ngalih saka ing sira tuwin prajanjian-karukunan peparingingSun ora bakal owah gingsir, mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah, kang paring sih-palimirma marang sira.
Explore YESAYA 54:10
3
YESAYA 54:4
Sira aja wedi, awit ora bakal kawirangan, lan aja rumangsa isin, sabab sira ora bakal nandhang wirang. Amarga sira bakal lali marang kawiranganing nom-nomanira, tuwin ora bakal eling maneh marang nisthane anggonira dadi randha.
Explore YESAYA 54:4
4
YESAYA 54:5
Amarga kang dadi somahira iku Panjenengane kang nitahake sira, kang asma pangeran Yehuwah Gustine sarwa tumitah; kang jumeneng Panebusira yaiku Kang Mahasuci, Gusti Allahe Israel, kang sinebut Gusti Allahe salumahing bumi.
Explore YESAYA 54:5
5
YESAYA 54:2
Ambakna papanig tarubira, jerengen tendhaning papan padununganira, sira aja ngeman papan; tali-talining tarubira dawanana sarta pathok-pathokira kapasanga kang kukuh!
Explore YESAYA 54:2
6
YESAYA 54:13
Anakira kabeh bakal padha dadi siswaning Yehuwah, tuwin bakal kadunungan karahayon gedhe
Explore YESAYA 54:13
7
YESAYA 54:8
Ing sajroning dukaningSun kang banget Ingsun wus ngaling-alingi wedananingSun marang sira sadhela, nanging marga saka sih-susetyaningSun kang langgeng Ingsun wus ngatingalake sih-piwelasingSun marang sira, mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah, Juru Panebusira.
Explore YESAYA 54:8
8
YESAYA 54:7
Mung sadhela anggoningSun nilar sira, nanging marga saka sih-piwelasingSun kang linuwih sira Sunpundhut maneh.
Explore YESAYA 54:7
9
YESAYA 54:9
Kaanan iku tumrap Ingsun kaya ing jamane Nuh: kayadene anggoningSun wus supaos marang dheweke manawa banyu ora bakal nutupi bumi maneh, mangkono uga Ingsun iya wus supaos manawa Ingsun ora bakal duka maneh marang sira lan ora bakal mbendoni sira maneh.
Explore YESAYA 54:9
10
YESAYA 54:12
AnggoningSun yasa ndhuwuring tembok-tembokira kalawan sesotya dlima, gapura-gapuranira kalawan sesotya manikem abang sarta kabeh tembok-tembok wates kalawan watu adi.
Explore YESAYA 54:12
Home
Bible
Plans
Videos