1
YESAYA 49:15
Kitab Sutji
JAV
Apa wong wadon bisa lali marang bayine, nganti ora tresna marang wohing wetengane? Sanadyan iku lali marang anake, nanging Ingsun ora bakal kesupen marang sira.
Compare
Explore YESAYA 49:15
2
YESAYA 49:16
Lah sira wus Sungambar ana ing epek-epeking astaningSun, tembok-tembokira iku tansah ana ing ngarsaningSun.
Explore YESAYA 49:16
3
YESAYA 49:25
Lah mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: “Tawananing wong prawira iya bisa karebut, lan jarahaning wong prakosa bisa uwal, sabab Ingsun piyambak kang bakal nglawan wong kang nglawan sira lan Ingsun piyambak kang bakal ngluwari anak-anakira.
Explore YESAYA 49:25
4
YESAYA 49:6
“Nanging anggonira dadi AbdiningSun iku keremehen manawa mung Sunkarsakake nangekake para talere Yakub lan mbalekake para wong Israel kang isih padha kareksa bae. Sira Sundadekake pepadhang tumrap para bangsa supaya karahayon kang saka Ingsun iku tekana ing pungkasaning bumi.”
Explore YESAYA 49:6
5
YESAYA 49:13
Surak-suraka, he langit, giyak-giyaka, he bumi, lan padha bungah-bungaha kalawan surak-surak, he gunung-gunung! Amarga Pangeran Yehuwah nglipur umate lan asih marang para wong kang dadi kagungane kang padha katindhes.
Explore YESAYA 49:13
Home
Bible
Plans
Videos