Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah,
kang wus karya dalan ngliwati sagara
lan ngliwati banyu kang ngedab-edabi,
kang wus dhawuh marang kreta lan jaran supaya padha ngetoni perang,
uga wadya-bala lan wong prakosa –
iku padha gumlethak, ora bisa tangi,
wus padha mati, wus mati kaya uceng-uceng –.