Pangeran Yehuwah ngangdika: “Kayadene anggone abdiningSun Yesaya lumaku kalawan wuda lan tanpa trumpah telung taun lawase minangka pratandha lan ngalamat tumrap Mesir lan Etiopia, mangkono uga raja Asyur bakal nggiring wong Mesir dadi tawanan, lan wong Etiopia kayadene wong buwangan, tuwa lan enom, kalawan wuda lan tanpa trumpah tuwin katon bokonge, dadi kawirangane tanah Mesir.